Saturday, December 19, 2015

Contoh Naskah Drama Bahasa Jawa Persahabatan dan Percintaan

Persahabatan dan Percintaan


Babak 1


Isuk iku, Erma lan Selfi lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng

wonten murid sing teko sakliyane wong loro kuwi.


Selfi : “er, pelajaran dino iki ono pr nggak ?”

Erma : “Sek, tak delok e disek.” (Langsung njupuk buku ing tas.e) “Kayak e

                se ora ono.”


Alfina melbu ing njroning kelas.


Alfina  : “Assalamualaikum.” (Salam Alfina ing ngarepe lawang kelas)

Selfi lan Erma  : “Waalaikumssalam.”

Alfina  : “Kalian lapo rek ?”

Selfi : “Enggak, gak lapo-lapo kok.”


Alfina  langsung lungguh ing ngarepe bangkune Selfi lan Erma.


Selfi : “, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?”

Alfina  : “Sek sek,” (Ambek mikir-mikir) “Ono ! dino iki ulangan !”



Alfina langsung ngetokake buku catetan B.Jawa sing ono ing njero tas e lan langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Wanda melbu ing njroning

kelas.


Alfina : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Wanda melbu)

Selfi : “Wan, engkok awakmu konsultasi tugas B.Jawa ta ?”

Wanda : (lungguh ing panggonane) “Iyo, opo o i ?”

Selfi  : “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.”

Erma  : “Wan, sing wingi iku temenan a ?” (Pitakon Erma kaleh ngekek I kode marang Wanda)

Wanda  : “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek

guyon tok kok.”


Lalu, Faisal  melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane.


Faisal  : “Erma, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu.”

Selfi  : “Kate ngekek i opo awakmu ?”

Faisal  : “Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Erma  ae biasa.”

Erma  : “Emang kate ngekek i opo se ?”

Faisal  : “Engkok ae.”

Ing tengah-tengah pelajaran, Faisal  maringaken buku pelajarane

marang Erma.

Selfi : “Opo iku Er ?” (Ngintip bukune Faisal)

Erma  : “Coklat maneh ??” (erma ngomong alon)

Selfi  : “Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekek I coklat terus hehe.”

Erma  : “Iyo paling, hehe.”


Babak 2

Pas wektune wangsul sekolah, Selfi , Erma , lan Wanda lungguhan

ing tangga lan ngerjakake tugas B.Jawa


Selfi : “Er, awake dewe sido dolen nandi ?”

Erma : “Nggak Ngerti, aku melok Alfina ae. Nyacak Takok o Alfina.”

Selfi : “Oke.” (Langsung ngalih nang panggonane Alfina)

Wanda   : “Emange awakmu kate nandi se rek ?”

Erma  : “Kate dolen. Ayo melok a Wan ?”

Wanda   : “Enggak wes, males i aku.”

Erma : “Yowes lek ngono.”

Wanda  : “Er, aku mulih dikek yo. Tugas e garek mek titik.” (Langsung ngalih)

“Dah Erma .”

Erma : (Melambai nang Wanda)


Babak 3

Alfina , tiba-tiba mlayu ngampiri Erma .


Alfina  : “Er, delok en talah. Kaet maeng Faisal narik-narik tasku terus.”

(Wajah cemberut)

Erma  : “Faisal  !!” (Mendeliki Faisal)


Selfi  mlayu nang Erma lan Alfina.


Alfina  : “Ono opo Sel  ?”

Selfi  : “Uwes, ayo budal. Jare ne wanda awake dewe nonton nang matos.”

Alfina  : “Yowes, ayo budal.”


Ing njeroning angkot perjalanan nang matos. Selfi mbisiki Erma .


Selfi : “He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlalu cedek-cedek karo

Faisal.”

Erma  : “iyo, aku yo gak kepingin terlalu cedek karo areke.”


Ing njeroning bioskop, Faisal  lan Erma terus cekel-cekelan tangan.

Selfi dadi pegel, tibakno Erma ora ngrungokake opo sing diomongno

maeng.


Selfi  : “Er, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?”

Erma  : “Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak gelem

ngeculno.”

Selfi  : “Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek iso

ngeculno.”


Akhire Erma ngeculake tangane Faisal.


Faisal  : “Lho, opo.o kok diculno ?”

Erma  : “Gak popo o kok.”

Faisal : “Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.”


Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.


Babak 4

Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing sela-selane

pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil try out,

Erma kaget amarga nilaine Faisal mudun. Erma pun mboten ngreken

Faisal.


Faisal : “Erma ....”

Erma  : “Hmmm...”

Faisal  : “awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.”

Erma : “Gak popo, biasa ae.”


Amarga bingung ambek sikape Erma. Faisal  nakokake masalah

kuwi marang Alfina.


Faisal  : “Fin, aku oleh takon a ?”

Alfina : “Iyo, takon opo ?”

Faisal : “Koro-kiro Erma  iku opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh nang

aku. ”

Alfina : “Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai areke

mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.”

Faisal  : “Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing nggarai areke

mangkel.”

Alfina  : “Yo cobak takono nang konco cedek.e.”

Faisal  : “Iyo tak cobak.e”


Sawise kejadian maeng, faisal takon nang wanda .


Faisal  : “Wan, Erma  opo o se, koyok e lagi ndue masalah”

Wanda : “Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Erma

mangkel nang awakmu gara-gara nilai Try Out mu mudun.”

Faisal : “O iyo, bisa jadi.”


Babak 5

Amarga sikap Erma  sing cuek, akhir-akhir iki Faisal sering cerita

ambek Alfina. Ndelok kecedekane arek loro iku, Wanda ngrasakake hal

sing aneh. Akhire Wanda nakokake hal iku nang Alfina .


Wanda : “Al, awakmu ono hubungan opo karo Faisal ?”

Alfina  : “Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek Faisal iku mek koncoan

tok.”

Wanda  : “Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu”


Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Wanda sering cerita

tentang Alfina Nang Erma .Wanda  lan Erma saling cerita masalah

pasangane dewe-dewe.


Babak 6

Sawise saling curhat, Erma lan Wanda sepakat gwe ngakhiri

pasangane dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi konco

gak oleh musuhan. Ing suatu dino, Erma ketemu kaleh Faisal lan

nyritakake maksude.


Erma : “Faisal, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco kan ?”

faisal : “Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.”

Erma  : “Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki”

Faisal : “Opo.o ?”

Erma  : “Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang sekolah

militer ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai kita juga turun

kan terutama nilai tro out mu. Dadi luwih apik kita gak pacaran dikek cek

gak ngganggu pelajaran.”

Faisal  : “Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti. Mungkin iki

ancen sing terbaik.”


Babak 7

Sawise lulus tekan SMP, ke 5 sahabat iki ngumpul gawe pertemuan

terakhir ambek Erma . Amarga Erma bakal nglanjutake sekolah ing

Magelang.


Selfi  : “Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku.”

Kabeh : “Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe.”

Erma  : “Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek”

‹ ›

Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih penting

ketimbang ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing SMA Ke 5 sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan ora mikirake urusan cinta. Amarga gara-gara cinta bisa ngajurake masa depan.

Berkomentarlah yang baik ! Anda sopan, Kami segan. Salam Rajeb Group.
EmoticonEmoticon